"DWIJA"
Dening Eva Fiddiana
Ela-ela saka saliraning sira
Pantes tiniru solah bawane
Anggone ngendika andhap asor
Piwulange kang becik iku katon kaya cempaka sawakul
Isih natu ana ing kumba lan penggalih
Donga pangestumu ora bakal dak limput
Dwija sejati tan murud ing kasidan jati
Iku merga pituture kang ngedap-edapi
Adigang, adigung, adiguna
Nilas becike, guwak alane
Ambeg parama arta, dadia wong kang wiguna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar