"APURANA AKU, SIMBAH”
Dening Eva Fiddiana
Jare simbah,
Jawane Jawa uwis ilang
Ilang amarga wis ora
disayang
Ora disayang banjur
mblayang
Jare simbah,
Jawa saiki uwis seje
Wong wadon ilang
wirange
Wong lanang ilang
kaprawirane
Uga pasar ilang
kumandange
Kuwi kabeh merga awake
dhewe
Eee.. lha dala!!! Jaman
anyar uwis ngawe-awe
Wong etan padha
melu-melu ngulon
Kowe apa ora nduwe
budhaya dhewe ta, le?
Lha kok malah kepingin
dadi bocah kuwalon
Kuwalon amarga malih
melu ngulon
Budhaya kulon suwe-suwe
ngetan
Ngetan terus ngasi wis
tumekan
Yen wis tumekan banjur
mangan
Wong etan dipangan
nanging ora konangan
Lha sapa sing ngonangi?
Kabeh bae isih padha
turu!
Lha turu kok ora
tangi-tangi?
Kuwi amarga wis kebacut
ora krungu
Ora krungu pitutur
simbahmu
Sing wis ngendika awit
dangu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar