Rabu, 28 November 2018

RUMEKSA
Dening Eva Fiddiana

Endahing candhik ayu sing katon kemuning iku
Ra bisa dak lalekake nalika aku lungguh ing plataran ngarep omahku
Nadyan sing dak enteni katon rangu-rangu
Aku ora gela kadya lagune 'Suwe Ora Jamu'

Kemuning, sore-sore dak enteni angslupe srengenge
Untara sawetawis uga adoh parane
Samya lumaku sinawang lir kencana saroja
Usada ngrangu ing sajroning nala
Manda lumaku angslupe sang surya
Ancasku agawe suka rena

Amrih nora gawe kuciwa
Srengenge kang angslup dak enteni saben dina
Tumawa rasa kangen saka rina
Udan angin tetep dak tunggu
Tanpa sesilih katresnanku
Ismaya kasimpen jroning kalbu