Analisis
Konteks dan Inferensi pada teks sambutan dengan Tema Hari Kartini
Teks sambutan Peringatan Hari Kartini
ini saya ambil dari buku “Sesorah” karya Sri Hono Murwatono
TANGGAP WACANA
PENGETAN DINTEN KARTINI
PENGETAN DINTEN KARTINI
Assalamu’alaikum
warahmatullahi wa barakatuh.
Ibu-ibu,
sedherek-sedherek remaja putri ingkang satuhu kula kinurmati. Saderengipun,
mangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti Allah SWT, awit sih
nugraha ingkang kaparingaken dhumateng kita sedaya, katitik ing siyang punika
kita sedaya saged sesarengan kempal ing papan panggenan punika kanthi raharja
boten kirang setunggal punapa.
Salajengipun,
kula atas nami ketua panitia penyelenggara ngaturaken agenging panuwun
dhumateng panjenengan sami para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa
ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Para
rawuh ingkang minulya,
Kados
sampun kita sedaya mangertosi, bilih Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21
April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti
minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun
Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajadipun wanita Indonesia ngantos
saged sami kaliyan drajadipun priya.
Rikala
gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita bangsa Indonesia tansah wonten ing
pingitan. Para wanita boten dipunkaparengaken sekolah. Ugi boten dikaparengaken
gadhah padamelan ingkang sami kaliyan padamelanipun priya. Ananging sapunika,
para wanita sampun sami drajadipun kaliyan drajad kaum priya.
Babagan
punika pranyata saestu saged dipuntingali. Sapunika sampun katah para wanita
ingkang hanglenggahi jabatan penting dados ketua-ketua utawi
pempimpin-pemimpin, ngantos dados menteri utawi Presiden, kados panjenenganipun
Ibu Megawati Sukarnoputri ingkang jumeneng dados Presiden Republik Indonesia
ingkang kaping gangsal.
Para
rawuh ingkang minulya,
Ing
salebetipun mengeti dinten wiyosipun Raden Ajeng Kartini, ingkang kedah kita
pengeti inggih punika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Boten namung
mengeti anggenipun Kartini ngagem samping utawi anggenipun Kartini mawi sanggul
ageng kemawon. Ananging kados pundi Raden Ajeng Kartini majengaken para wanita
negari kita.
Mbok
menawi saumpami Raden Ajeng Kartini taksih gesang badhe suwun ningali
kawontenan kaum wanita ing nagarinipun. Ing sawaunipun supados setarap kaliyan
priya ngenani hak-hakipun, malah sapunika kathah ingkang dipun ginakaken tumuju
dhumateng kawontenan ingkang boten ngremenaken. Kadosta para wanita ingkang
sami ses rokok, para wanita kathah ingkang mawi clana. Punika boten ateges
emansipasi! Raden Ajeng Kartini boten nggadhahi emansipasi kados mekaten!
Emansipasi
ingkang dipunperjuangaken Raden Ajeng Kartini inggih punika hak ingkang sami
antawisipun priya kaliyan wanita. Menawi priya dipunparengaken sekolah wonten
pawiyatan luhur, para wanita inggih dipunparengaken ngudi ilmu wonten ing
pawiyatan luhur. Boten namung wanita diunparengaken wonten ing wingking supados
masak kemawon.
Sakderengipun
wonten emansipasi saking raden Ajeng kartini, wanita nyambut damelipun namung
wonten ing pawon. Boten wonten wanita ingkang nyambut damel wonten ing
kantor-kantor kados sapunika. Awit sampun wonten paribasan, menawi kados pundi
inggilipun sekolah, wanita ing tembenipun bakal nyambut damel wonten ing pawon.
Mbok
bilih sapunika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa,
nagari, tuwin agami, ananging boten kentun wanita tansah kaum wanita ingkang
sami nggula wentah amrih raharjaning keluwarga ugi tumut majengaken generasi
mudha supados mbina rumah tangganipun saksae-saenipun.
Kula
kinten kirang wicaksana menawi atur kula punika kula panjang lebaraken. Pramila
kula cekapi semanten kemawon. Boten kantun kula ngaturaken agunging panuwun
dhumateng para rawuh ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun pengetan
punika kanthi bantuan ingkang arupi punapa kemawon. Mugi sedaya wau angsal
pinwales ingkang sanurwat saking ngarsanipun Gusti Allah SWT.
Akhirul
Kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wa barakatuh.
Analisis Konteks dan Inferensi:
1.
Konteks
Linguistik
Ø
“Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini,
para wanita bangsa Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita boten
dipunkaparengaken sekolah. Ugi boten dikaparengaken gadhah padamelan ingkang
sami kaliyan padamelanipun priya. Ananging sapunika, para wanita sampun sami
drajadipun kaliyan drajad kaum priya.”
-
Maksudnya
menjelaskan kondisi perbedaan derajad wanita dan pria pada jaman dahulu dengan
jaman sekarang.
Ø
”Sakderengipun wonten emansipasi saking
raden Ajeng kartini, wanita nyambut damelipun namung wonten ing pawon. Boten
wonten wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor-kantor kados sapunika.”
-
Maksudnya
menjelaskan perbedaan pekerjaan wanita pada jaman dahulu dengan jaman sekarang.
2.
Konteks
Fisik
a.
Topik
Pembicaraan:
Ø
Memperingati
hari Kartini
Ø
Mengenang
jasa-jasa Raden Ajeng Kartini
Ø
Meniru
semangat Raden Ajeng Kartini.
b.
Tempat:
tidak ditunjukkan secara jelas tempat kegiatan tersebut diadakan.
c.
Tindakan
Penutur dan Mitra Tutur
Penutur : Penutur
adalah ketua panitia penyelengara
peringatan
hari Kartini. Ini ditunjukkan pada
kutipan “kula
atas nami ketua panitia
penyelenggara
ngaturaken agenging panuwun
dhumateng panjenengan
sami para rawuh
ingkang sampun
nglonggaraken wekdal kersa
ngrawuhi undangan
ingkang sampun lumantar
dhumateng panjenengan
sedaya.”
Mitra
Tutur : Mitra
tuturnya adalah ibu-ibu dan remaja
putri. Ini
ditunjukkan pada kutipan “Ibu-ibu,
sedherek-sedherek remaja putri ingkang
satuhu
kula kinurmati.”
Tindakan
Penutur : Penutur sedang
memberi sambutan tentang
peringatan
hari Kartini.
Tindakan
Mitra Tutur : Menyimak
sambutan yang disampaikan oleh
ketua
panitia (penutur).
3.
Konteks
Sosial
Ø
”…. Boten namung mengeti anggenipun
Kartini ngagem samping utawi anggenipun Kartini mawi sanggul ageng kemawon.
Ananging kados pundi Raden Ajeng Kartini majengaken para wanita negari kita.”
-
Kalimat
yang bertulis negari kita menunjukkan
bahwa penutur dan mitra tutur berasal dari daerah atau negara yang sama.
4.
Konteks
Epistemik
Ø
“Kados sampun kita sedaya mangertosi, bilih Raden Ajeng Kartini miyos ing
tanggal 21 April 1879 ing Jepara.”
-
Kalimat
yang bertulis sampun kita sedaya
mangertosi menunjukkan bahwa penutur dan mitra tutur sama-sama mengetahui
kapan dan di mana lahirnya Raden Ajeng Kartini.
5.
Inferensi
a.
Tuturan:
“Ing salebetipun mengeti dinten wiyosipun
Raden Ajeng Kartini, ingkang kedah kita pengeti inggih punika semangatipun ing
babagan emansipasi wanita. Boten namung mengeti anggenipun Kartini ngagem
samping utawi anggenipun Kartini mawi sanggul ageng kemawon. Ananging kados
pundi Raden Ajeng Kartini majengaken para wanita negari kita”
Inferensi:
1)
Raden
Ajeng Kartini adalah seseorang yang sangat semangat memperjuangkan emansipasi
wanita.
2)
Ciri
khas penampilan Raden Ajeng Kartini yang menonjol yaitu beliau selalu memakai
samping atau sanggul.
3)
Raden
Ajeng Kartini adalah pahlawan yang berhasil menyamaratakan derajad wanita
dengan derajad pria.
4)
Raden
Ajeng Kartini hanya memperjuangkan para wanita di negera Indonesia saja,
sedangkan kaum wanita di negara lain tidak beliau perjuangkan.
b.
Tuturan:
“…Ing sawaunipun supados setarap kaliyan
priya ngenani hak-hakipun, malah sapunika kathah ingkang dipun ginakaken tumuju
dhumateng kawontenan ingkang boten ngremenaken. Kadosta para wanita ingkang
sami ses rokok, para wanita kathah ingkang mawi clana. Punika boten ateges
emansipasi!...”
Inferensi:
1)
Kaum
wanita yang ingin disetarakan dengan kaum pria menirukan kebiasaan kaum pria.
2)
Kaum
wanita pada saat ini tidak paham apa yang dimaksud dengan emansipasi yang
sesungguhnya.
3)
Kaum
wanita jika ingin disetarakan dengan kaum pria maka harus mematuhi norma-norma
yang berlaku di Indonesia.
4)
Kaum
wanita saat ini tidak diperbolehkan melampaui batas kodratnya sebagai seorang
wanita yang sebenarnya.
c.
Tuturan:
“Kula kinten kirang wicaksana menawi
atur kula punika kula panjang lebaraken. Pramila kula cekapi semanten kemawon…”
Inferensi:
1)
Penutur
menyadari jika dalam penyampaian sambutan terlalu panjang merupakan tindakan yang kurang bijaksana.
2)
Penutur
menyadari bahwa waktu telah habis, maka ia segera menutup sambutannya tersebut.
DAFTAR
PUSTAKA
Halliday dan Hasan. 1994. Bahasa, Konteks, dan Teks. Yogyakarta: Gadjah Mada
University
Press
Murwatono. 2013. Sesorah.
Yogyakarta: Absolut
Sumarlam. 2008. Teori
dan Praktik Analisis Wacana. Surakarta: Pustaka Cakra
Wijana dan Rohmadi. 2011. Analisis Wacana Pragmatik. Surakarta: Yuma
Pustaka
Tarigan. 2008. Berbicara Sebagai Suatu Keterampilan
Berbahasa. Bandung:
Angkasa